Selamat Datang di My Blog << Waroeng Alam is a Waroeng-e Alam >>

Wednesday, October 11, 2017

Contoh Parikan

CONTOH PARIKAN

Abang-abang gendera landa
Ana sing ijo kok milih putih
Bujang maneh ora ngluyura
sing wes duwe book ora tau mulih

Ana brambang sasen llima
Berjuang labuh Negara

Awan-awan aja kluyuran
Ana pak mantra numpak sekuter
Kapan-kapan aku keturutan
Duwe kanca sinaune pinter

Wedang bubuk gula jawa
yen kepethuk ati lega

Sepet-sepet sawone mentah
Diempet-empet selek ora betah

Bisa ngendhang ora bisa nyuling
Bisa nyawang ora wani nyanding

Bibi Surip tuku klobot
Pethuk Encik tawa roti
Uwong Urip pancen abot
mula becik ngati-ati

Wajik klethik
gula abang
Aja suthik
yen tumandang

Godhong kecippir mrambat kawat
 Najan gak mampir nanging lewat

Jambu apa jeruk
Aku melu apa entuk

Jemek-jemek gula jawa
aja ngenyek karo kanca

Kembang jagung dipethik cina
Barang wes kadung dikapakna

Manuk emprit menclok godhong tebu
Dadi murid sing sregep sinau
Kutha Kendal Kali wungu
Ajar kenal karo aku

Manuk kutut manggunge ngganter
Yen ra nurut bias keblinger

Esok nyulingsore nyuling
Sulinge arek Surabaya
Esok eling sore eling
sing dieling ora rumangsa

Esok nembang sore nembang
tembange asmaradana
 esok ngadhang sore ngadhang
sing diadhang ra  teka-teka

Korek gambar klenthing
kula ndherek wonten wingking


Wedang jeruk tanpa gula
 Aja sok umuk tanpa guna
Wajik klethik gula jawa
Luwih bejik sing prasaja

Tawon madu ngisep sekar
Dadi guru kudu sabar

Semarang kaline banjir
Aja sumelang ora dipikir

Manuk emprit
nucuk pari
Dadi murid
sing taberi.

Manuk tuhu
mencok pager
Yen sinau
dadi pinter.
Gudheg manggar
bumbune mrica ketumbar
 Lamun sabar
bisa lejar sarta bingar.

Kembang kencur
tinandur tepining sumur
 Sapa jujur
bakal luhur klawan makmur

Esuk nakir sore nakir
sing ditakir godhong plasa
Esuk mikir sore mikir
sing dipikir mung golek bandha.

Jangan kacang jangan kara
kaduk uyah kurang gula
Piwelingku mring pra mudha
aja wedi ing rekasa.

Yen kembang kembang cempaka
dudu kembang arum dalu
Mumpung sira isih mudha
den asregep ngudi ngelmu

Wedang bubuk
tanpa gula
Ja sok ngantuk
gelis tuwa
Sepet sepet
Sawone mentah
Diempet empet
selak ra betah

wedang bubuk
gula jawa.
Yen kepethuk
ati lega

Wajik klethik
gula abang
Aja suthik
yen tumandhang

Kembang jagung
dipethik Cina
barang wis kadhung
dikapakna

Godhong kecipir
mrambat kawat
Najan gak mampir
nanging liwat

Manuk kutut
manggunge ngganter
yen ra nurut
bisa keblinger

Manuk emprit
menclok godhong tebu
Dadi murid
sing sregep sinau

Yen kembang kembange lamtara
dudu kembang wora wari
Mumpung sira isih mudha
sing taberi ngati ati

Esuk nyuling sore nyuling
sulinge arek Yogyakarta
Esuk eling sore eling
sing dieling ora rumangsa

Awan awan aja keluyuran
ana pak mantri numpak sekuter
kapan kapan aku keturutan
duwe kanca sinaune pinter

Yen kembang kembange kacang
 dudu kembange puspa nyidra

Nih ane tambahin lagi gengs...............



1. Sepet sepet, Sawone mentah
- Diempet empet, selak ra betah

2. wedang bubuk, gula jawa.

- Yen kepethuk, ati lega

3. Wajik klethik, gula abang
- Aja suthik, yen tumandhang

4. Kembang jagung, dipethik Cina
- barang wis kadhung, dikapakna

5. Godhong kecipir, mrambat kawat

- Najan gak mampir, nanging liwat

6. Manuk kutut, manggunge ngganter

- yen ra nurut, bisa keblinger

7. Manuk emprit, menclok godhong tebu
- Dadi murid, sing sregep sinau

8. Yen kembang kembange lamtara, dudu kembang wora wari
- Mumpung sira isih mudha, sing taberi ngati ati

9. Esuk nyuling sore nyuling, sulinge arek Yogyakarta
- Esuk eling sore eling, sing dieling ora rumangsa

10. Awan awan aja keluyuran, ana pak mantri numpak sekuter

- kapan kapan aku keturutan, duwe kanca sinaune pinter

11. Yen kembang kembange kacang, dudu kembange puspa nyidra

- Sih cilik dikudang kudang, bareng gedhe gawe rekasa.

12. Esuk nembang sore nembang, tembange asmaradana
- esuk ngadhang sore ngadhang, sing diadhang ra teka teka
 

0 comments:

Post a Comment