Wedi Kodhok
Yen ditakoni kewan apa sing marai aku jijik, jawabe ora ana liya ya kodhok. Kulite sing mbesisik, bentuke nyempluk lan mencolot-colot marai aku mrinding lan gila. E lhadalah, kok sawijining dina aku duwe prakara karo kewan sing urip ing alam loro mau.
Critane nalika aku isih SMA limang taun kepungkur, dinane Slasa jadwale senam pagi ing sekolahan. Mesthi bae aku kudu mangkat luwih gasik tinimbang dina liyane.
Oki : “Assalamualaikum. Retno!” (Oki nyeluki aku saka ngarep omah)
Aku banjur mlayu tekan lawang ngarep. Oki ngguyu ndang weruh aku.
Retno : “Waalaikumussalam, Kik. Kadingaren gasik nemen. Wis kene mlebu dhisik. Kowe wis sarapan apa durung? Arep ngombe wedang apa? Kene lungguh-lungguh dhisik.”
Oki karo aku mlebu omah banjur lungguh ning ruang tamu.
Oki : “Aku wis sarapan, Ret. Wis ora usah repot-repot. Aku wis sangu wedang dhewe kok. Matur nuwun. Kowe durung adus ta, Ret?”
Retno : “Tenane Kik? Ora ngrepoti kok. Tak jupuke wedang ya? He.. he aku durung adus, Kik.” (aku nyengir)
Oki : “Wis ora usah, Ret. Saiki kowe adus dhisik. Mengko dhewe malah telat lan ora melu senam. Ya?”
Retno : “Oh ya wis, aku adus dhisik ya, Kik.” (Aku menyat saka lungguhanku)
Oki : “Ya. Lha ibu lan bapakmu ning endi, Ret?”
Retno : “Bapakku sampun tindak nyambut gawe, ibuku nembe blanja, Kik. Aku tak adus dhisik ya!” (Wangsulanku karo jupuk anduk ning jerengan)
Oki : “Oh ya ding. Wis kana adus dhisik!”
Sepuluh menit kepungkur, aku wis siyap kanggo mangkat sekolah. Begja aku wis sarapan, dadi aku mung garik mangkat sekolah. Aku ngunci lawang banjur njupuk sepatu ing etalase.
Retno : “Aku wis siyap, Kik. Aku tak nganggo sepatu dhisik ya!”
Oki : “Sip!”
Ora nganggo ditliti maneh sepatu enggal tak enggo, sikil langsung mlebu makblung ora usah disawang. Rong menit, aku wis bar nganggo sepatu.
Retno : “Ayo, Kik mangkat!” (pangajakku karo semangat)
Oki : “Ayo!”
Ing tengah dalan, sikil tengenku kok krasa lara, tur sepatune sesak.
Retno : “Kik. Sepatuku sing tengen kok rasane sesak? Kaya ana sing obah-obah ing njero sepatuku. Apa iki?” (aku mikir-mikir apa sing ning njero sepatuku)
Oki : “Wah, jajal sepatumu kok copot dhisik, Ret.” (usule Oki)
Aku nuruti usule Oki. Sepatuku dak copot. Bareng dak copot, ee… tobil ana kadhal, jebule ana precil sing ning njero sepatuku.
Retno : “Kik, iki piye kik? Aku wedi, ana kodhok cilik ning sepatuku!” (jeritku karo ngekep Oki)
Oki mung plengah-plengeh weruh polahku. Dene wong sing mlaku ing dalan padha nggeguyu kabeh.
Oki : “Wis Ret, mung precil bae kok wedi.” (Oki ngaloke aku karo nyuthik kodhok cilik mau saka sepatuku nganggo garisane)
Oki : “Kodhoke wis mlayu, mesthi kuwi kodhok lanang, seneng karo kowe he… he,”
Retno : “Aja guyon Kik, aku wedi tenan sing jenenge kodhok, mendhing ketemu memedi tinimbange kodhok,”
Oki isih ngguyu kepin
Nemu
Dompet
Narator
: Bocah-bocah pada bali saka sekolah. Miftah lan Tyas banjur bali maring omahe
dhewek-dhewek. Wektu Miftah lagi ngenteni Tyas neng perek halte. Miftah nemu
dompet perek pager taneman ora adoh sekang halte.
Miftah : Apa
kae ? Barang rongsokan kayane. Mbok teyeng didol maring Tyas. Haha
Narator
: Jebule sing dikira barang rongsokan mau kuwe dompet. Banjur Tyas teka.
Tyas : Apa si
kuwe ? Dompete sapa ? Ko nemu neng ngendi ? Kapan ko nemu ? Ko nyolong ya ?
Miftah : Apa si
lah yas. Takone siji-siji si ngapa. Aku mbok bingung njawabe. Aku nemu dompet
kiye neng kene. Aku ben ora ngerti dompete sapa. Tek bukak ben urung.
Tyas : Cepetan
bukak ya
Miftah :
Iya-iya dela
Narator
: Banjur si Miftah mbukak dompete.
Miftah &
Tyas : Ih ana duwit
Miftah : Ana
KTPne juga alias Kartu Tanda Pelajar
Tyas : Iya
kayane KTP sing nduwe dompet kiye
Miftah : Iya
ya. Alamate ora adoh kang kene. Yuh balekna
Tyas : Ora usah
leh, nggo ngapa mbalekna, mbok langka untunge nggo dhewek. Mending sih dibagi
loro bae nggo dhewek.
Miftah : Ora
lah. Kentir ya ko. Kuwe mbok mangan hak wong liya jenenge. Kepriwe angger sing
nduwe dompet lagi kebingungan nggolet dompete.
Tyas : KDK.
Kuwe Derita Kae. Sapa sing prentah dadi wong ora ngati-ati. Mbok salaeh kae.
Dompet kiye mbok wis dadi nggone dhewek, karepe dhewek arep dingo nggo ngapa.
Miftah : Iya
ya. Ya wis lah. Bagi loro bae. Ya wis bali yuh.
Narator
: Miftah lan Tyas bali ming omahe dhewek-dhewek. Ora suwe Tyas lunga maring
omahe Miftah arep ngajak Miftah dolan bareng.
Tyas : Miftah…Miftah…
dolan yuh.
Andra : Eh ana
Tyas. Mlebu ngeneh, Miftahne lagi dikengken ibune nggarap PR dhisik, tembe olih
metu dolan.
Tyas : Nggih,,
Mba.
Andra : Tyas
arep nginum apa ? Ben mba gawekna
Tyas : Mboten
usah mba. Mangke ngerepotna
Andra : Ora koh.
Mbok kur gawekna banyu bening. Kecuali ko mrentah mba kon nggarapna PRe ko.
Kuwe tembe ngerepotna.
Tyas : Hahaha..
Mba ana ana bae. Toya bening atis mawon mba.
Andra : O..
iya. Dela ya
Narator
: Banjur Ibune Miftah rawuh pengin kandhahan karo Tyas
Ibu : Eh ana
Tyas ya.
Tyas : Inggih
bu, kula Tyas. Kepripun kabaripun bu ?
Ibu : Apik wae.
Kowe arep ngaseng Miftah dolan ya ?
Tyas : Mmm
inggih bu. Bu kula angsal nyuwun priksa mboten ?
Ibu : Olih.
Arep takon apa ?
Tyas : Menapa
Miftah anggenipun nggarap PR mesti seniki bu. Kan mangke ndalu saged.
Ibu : Iya si.
Tapi kan angger mbengi-mbengi kae bocah mbok keturon. Dadi repot mbok ?
Tyas : Ohh,
kados menika nggih bu. Nggih sampun. Nenggo sekedap nggih mboten nopo-nopo
nggih bu.
Ibu : Hahaha,,
ya kena
Narator
: Si Andra banjurane teka
Andra : Tyas,
kiye wedange diinum ya.
Tyas : Ya mba.
Matur nuwun.
Andra : Ibu,
ibu wonten arisan seniki mbok ?
Ibu : Hooalah.
Iya ibu kelalen. Gara-garane keasiken kandhah karo Tyas si. Haha. ibu lunga
dhisik ya. (ngorong2 lirih) Miftah, ibu lunga dhisik ya arep arisan.
Miftah : Nggih
bu.
Narator
: Ora suwe banjur
Tyas : Kiye
Miftah suwe banget si nggoli nggarap PR. Aku bae nggarape ora ngasi setengah
jam wis rampung.
Miftah : Eh
pangapura ya. Kesuwen ya ? Soale PRe akeh banget (karo mlaku maring teras)
Tyas : Wis lah,
ora usah ngeles. Aku wis ngerti koh, emang uteke ko bae sing pas-pasan. Ngomong
bae angel.
Miftah : Ben
Narator
: Neng teras omahe Miftah bocah loro mau pada jagongan. Miftah ngetokake dompet
sing mau ditemokna neng halte lan mbagi isi sing ana neng dompet karo Tyas.
Tyas : Cepetan
si ngapa. Ko suwe temen.
Miftah : Iya
kiye. Isine ana 800 ewu. Angger dhewek bagi loro. Kowe olih 400 ewu , aku olih
400 ewu. Neng kene ya ana kartu ATM kiyeh.
Tyas : Kuwe
jorna. Ora penting.
Narator
: Banjur Kartika teka ming ngumaeh Miftah (Batir pereke Mba Andra)
Kartika : Eh
ana Miftah karo Tyas. Lagi ngapa kowe pada nangkene ? Eh kuwe apa ? Duwite sapa
kuwe ?
Tyas : Artone
dhewek mba.
Kartika : Ra
mungkin. Kowe mbok mesih cilik. Apa ana wong tua ngaweh duwit seakeh kuwe. Mba
tek takon Mba Andra ya.
Miftah :
Sanes-sanes Mba. Niki sanes artone dhewek. Nanging arto nemu teng margi.
Kartika : Lah
trus kenangapa dibagi-bagi kaya kiye ?
Miftah : Tyas
sing prentah Mba.
Kartika : Jajal
tek deleng (karo mriksa dompet). Kiye mbok ana Kartu Tanda Pelajare. Kowe kan
teyeng ndeleng alamate. Alamate ben ora adoh kang kene koh.
Miftah : Wau
sih rencanane ajeng tek balekna kula Mba. Nanging jere Tyas ora usah.
Kartika :
Deneng si kaya kuwe ? Dhewek ora olih kaya kuwe. Kuwe jenenge mangan hake wong
liya.
Miftah : Kula
sampun sanjang kados niku marang Tyas. Nanging kae ngomong sanes urusane
dhewek. Salaeh kae kenangapa kae mboten ngatos-atos.
Kartika :
Mulane dhewek mbalekna dompete kae bocah lan ngomong supaya lewih ngati-ati.
Kuwe olih pahala loh.
Tyas :
Pangapunten Mba. Kula khilaf
Miftah : Yuh
balekna dompet kiye maring bocaeh.
Narator
: Miftah lan Tyas banjur lunga maring omahe sing nduwe dompet, arep mbalekna
dompet iku.
Tyas :
Assalamualaikum.
Lisna : Wa’alaikumsalam
. Sapa ?
Tyas : Apa
bener kiye omahe Lisna Wati
Lisna : Ya
bener. Ana apa ya ? Lan kowe sapa ?
Miftah : Aku
Miftah lan kiye kancaku Tyas. Dhewek bocah loro maring ngeneh arep mbalekna
dompet iki.
Lisna : Dompet
? Dela ya, tek cek dhisik. Ngeneh mlebu.
Narator
: Lisna banjur mlebu ming njero kamare arep mriksa dompete. Miftah lan Tyas
njagong karo ndeleng-ndeleng omahe.
Lisna : Wah
iya. Dompetku ilang, kesuwun kowe cah loro wis mbalekna dompetku.
Tyas : Ya, kuwi
ya wis kewajibane dhewek.
Miftah : Ya
bener.
Lisna : Sepisan
maning kesuwun ya.
Miftah &
Tyas : Ya padha-padha.
SOMBONG ISO NGRUSAK KEKANCAN
Sule
, Asri ,Rege,lan Vega uwis suwe dadi konco. Cah papat kuwi dasare anake wong
sugih. Kerep jajan bareng-bareng kerep seneng-seneng bareng. Ananing ,, kabeh
dadi maleh pas bapake Rege bangkrut.
Neng
ruwang kelas pas agek piket.
Rege
:
Man, , , aku, ennntuk njaluk tulung ra’
Suleman
: (etok-etok ra krungu)
Rege
:
wee..!! man! Njuk tulung entuk raa?! Tulung balekno sapu iki sisan , kowe yo
wis rampung nyapune too..!
Suleman
:
appa. .! mbalekke. . ra suddi. !
Rege :
asem ik, kowe i bar mangan opo to Man. Ko ndengaren Jutex men karo aku. .
Suleman
: arep ngoppo. Mangan opo yo uduk urusanmu!! Wis minggiro kono!
Asri :
wis-wis, kowe i do ngopo to. Ko ‘ kerenagn wae. Nak eneng masalah ki yo mbok di
omongke apek-apek...
Vega :
ho oh. . . lha ngopo to Man , kok kowe koyo nesu karo Rege ngono.
Rege
: (nyelehke sapune) owwraa’ !soppo seng kondo. Awake dewe apek-apek ae to
Man.
Suleman
: Ra! Aku saiki ra seneng karo kowe, kowe saiki mlarat, wis do
minggir- minggir!
(Lungo
neng mburi karo nggowo sapu)
Asri :Sek
yo. . tak marani Sule disik ( Lungo)
Vega
: (gedeg-gedeg) Yo wiis. . . sante haeee. . pancen Suleki wonge ngonno. . Ra
sah mbok pikir. .
Rege :
Haaah. .ck . .laiyyo to Peg. Aku yo ra ngiro suleman ngono. Jebolno wonge
sombong banget.
Vega
: ssst ojo banter2 wonge ndak krungu.
Wis
pirang-pirang ndino Rege karo Sule ora dolan bareng. Sule milih dolan karo Asri lan
cah sugeh-sugeh liyane. Terus, sak wijine esok
Asri
: Sul, kowe ngerti ra’
Sule
: oppo !
Asri
: Aku nduwe Hp anyar . lho iki. . isoh di pencet – pencet layare lho,
kowe Ra nduwe to. .
Sule
: eh. Ho oh apike, oppo merk e. Regane piro?
Asri
: iki Hp. Regane murahh. . mung Rp. 6.789.000,-. Smart phone lho iki.
Narator
:
padahal kuwi mung seng nyileh. .!
Sule
: Halah. Mung semono to regane . kecil no. Bapakku kan bozzz . .
Asri
: (Kaget) wuss. .! elok tenan . yo wis sesok tukuwo yo, seng luwih apek soko
iki.
Sule
: (dg pdne sule omong.) iyyo. .gampang . . bisa diatur . .
Asri
: hallah . .!
Wektu
muleh sekolah. Suleman wis tekan ngomah. Terruss . . . . langsung . . . .
Sule
: Pak, pak e tukok ne Hp! !
Bpke
: heh! Oppo! Nyerako rene!
Sule
: pak. Anu . .tukok ne Hp Pak. .
Bpke
: oppo! Tuku Hp! Meneh! Lha Hpmu seng kuwi arep kok nggo oppo.
Sule
: iki. . .kurang apek,. . ungsume saiki Hp seng isohdi pijet layare. .
Bpke
: ( njane arep nganndani, neng ora kuwat, dadi bpke nyeluk ibuke. . ) Buk . . .! buke. . . .
Mboke
: yo. . kosek . . enek oppo to pak. .
Bpk
: (ngei isyarat) kandanono anakmu kono . .!
Mboke
: lLee . . ., ngene lho. Takkandani yo. Neng ojo kaget!
Sule
: enek oppo to Buk?!
Mboke
: piye yo( menghirup napas panjang. . ancang- ancang. .siap.
.Yakk!) Bapakmu ki agaek eneng masalah eneg kantore, eneng klienne bapakmu seng
wis marai rugi perusahaan. .
Sule
: maksude . .
Mbkke
: yoo . . kowe ra iso tuku Hp. Bapakmu kapusan. . mulo awake dewe kudu hemat ,
ra sah tuku sek ra penting. Omah iki, sesok kudu ditinggalke, keluarga iki kudu
golek omah seng luwih sedrhana . terus omah iki. Di dol.
Sule
: OppO . . .!! –OH tidak munggkiin . . .!!!- maksude bangrut.
(Ngawaske
drijine . . terus. .) ora urusan! Pokoke kudu tuku Hp! Titik!!
Bpke
: ( Brakkkk!!) We!!, ra sah ngeyel, mbok yo ngerti keadaane wong tuwo sitik ngono
lhooo!
Sule
: neng . . . neng . . ak aku. .
Bpke
: ra enek neng-neng an, pokoke kowe kudu hemat!
Sule
: asem!(lungo neng kamare)
Bpk
: we, ngopmong oppo kowe. . (lingguh)
Kurang
ajar banget cah kuwi . .!
Bpk
: salahe soppo seng manjakke. . banget2
Bpke
lan Mboke: (melepaskan napas panjang. . . siap. . yak .!) Haaa a a a a a . . .
.
Bpke
: mboke, piye nek saiki ngejak sule neng “ ngenndi” ngono?
Mbok:
Lha neng ngendi. .?
Bpke :
wis kuwi rahasia. Pokoke celuken Sule, nek ora gelem kondo wo arep di tukokne
Hp.
Mboke
: yoo
Mboke
: Sule, rene osek le. . arep di jak bapk mu
Sule
: yo ( moro) arep sido ditukok ne Hp to Buk.
Mboke
: yo emmbuh, pokoke melu o bpk mu sek.
Suleman
karo Bapke numpak mobil neng “ngendi” ngono. Terus , Sule mikir. . Lho kok
aneh, ambune ngapusi iki. .
Sule
: (miduk soko mobil), lho kok rene ngopo rene, ora arep teku Hp to.?
Narator:
mesti do penasaran to iki neng ngendi, yo wis, wis saate tak kandani. Asinooo.
. iki neng perkampungan pemulung)
Bpke
: cobo deloken uwong-uwong kuwi. . saben dino kerja keras gor dinggo Madang,
awake dewe kudune ber sukur wis urip kecukupan saben dino. Kowe kudune ngerti ,
uwong –uwong iki ora saben dino iso mangan, sok2 mangan mor nganggo sego aking.
Tak kandani yo lee. . urip ki ora mesti neng nduwur terus utowo neng
ngisor terus. Nek awake dewe tau sugeh, awake dewe yo kudu siap
dadi mlarat. Ngerti. . .
Sule
: . . . . . ngrtos pak. .
Bpke
: ngerti tenan rak?!! Dadi sido tuku Hp ra’?!!
Sule
: mboten mawon pak. Pak . kulo nyuwun gapunten geh pak. Kulo pun sadar. .
Bpk
: lha ngono no, yo tak ngapuro, ra po po, neng ndengaren kowe nganggo boso
kromo karo bpk he le??!
Sule
mikir nek sesok arep njaluk ngapuro karo Rege lan dadi koncone meneh.
Esok
wis teko, pas arepe bel masok. .
Sule
: Rege, !
Rege
: ngopo lee. Jarene ra pengen kenal meneh karo aku. .
Sule
: s sopo seng kondo??
Rege
: yo wis arep ngomong opo?!
Sule
: ngene. . anu. . a aku . .njaluk ngapuro yoo . .(karo ngejak salaman)
Rege
: Ra’! Ra nduwe ngapuro!
Sule
: Ha!
Rege
: Ora-ora, mung gojek, yo genah tak ngapurolah.(nggegem tangane Sule)
Vega
: Lha mbok ngono. . mung konco kak mbiyen kok arep mungsuhan. . ho oh ra
Sri . .
Asri
: yo . . ho oh! Terus kowe sido tuku Hp ra’?
Sule
: Ora kok Sri. Eeem. . Bapakku kapusan. Saiki keluarga ku lagi krisis. .
Asri
: Oowwww
Rege
: Ho oh To Le, yo wis ra popo. Sante ae. Mesti enek “jalan keluare” pokoke gawe
kepenak ae. .
Sule
: Bener kondomu Ge. .
Teett.
. .Teett. . bel mlebu
Borgata Hotel Casino & Spa - Dr.MCD
ReplyDeleteBorgata Hotel Casino & Spa, Atlantic 광주광역 출장마사지 City, 포천 출장안마 New Jersey. 의정부 출장마사지 Location: 아산 출장마사지 Atlantic City, United States (N.J.) Distance: 5 mi Rating: 진주 출장안마 3.6 · 8 reviews