Selamat Datang di My Blog << Waroeng Alam is a Waroeng-e Alam >>

Sunday, April 8, 2018

Kumpulan Legenda Bahasa Jawa

1. Legenda Kota Semarang

Nanging ana ing Jawa Tengah ngadeg ing Kratoning Demak kang siji karakter kraton Islam. Ana urip pangeran misuwur dijenengi Raden Made Pandan. Dheweke dikenal minangka sawijining ulama lan Muh. Akeh wong sing wegah kanggo beliau.beliau kae lan duwé anak lanang jeneng Raden Pandanarang. Kaya kang rama Raden misuwur minangka Pandanarang sopan anak, loropaken, jinis lan dutiful kanggo wong tuwané.

Banjur Raden Made Pandan njupuk putra lan rombongan kanggo ninggalake Kasultanan Demak. Padha menyang kulon katon kanggo wilayah anyar kanggo bakal dikuwasani. Dina ing cara, akhire Raden Made Pandan takon kanggo mungkasi lan aran kanggo cocog wilayah padha dianggep cocok kanggo katutugan.
Alas lan malah banjur kabuka, temah diadegaké pesantren lan farmland. Ing panggonan anyar Raden Made Pandan mulang Islam pandherekipun. Pungkasanipun ing orane sekolah asrama lan ngajak wong liyane kanggo teka sinau agama ing panggonan sing.

Iki ngendi Raden Made Pandan aran seneng kanggo manggon karo kang putra. Panjenenganipun ngarep-arep kang putra bakal bisa kanggo ngganti menyang dadi guru agama Islam ing panggonan sing saiki.

Sadurunge seda Raden Made Pandan Raden Pandanarang menehi saran kang putra terus ita ngimpi. Raden Pandanarang takon ora kanggo ninggalake wilayah. Raden Pandanarang takon kanggo nyebar agama Islam ing panggonan sing lan ngatur tanah tetanèn watara wilayah.
Karepé bapakné iki mlaku ono dening Raden Pandanarang. Raden Pandanarang dadi guru agama sing ngirim kawruh Islam wonten ing masyarakat kiwa, uga ngatur lahan pertanian. Dipikolehi saka pametumu tetanèn harvests KALUBÈRAN. Karo wong sing relatif singkat lan liyane teka kanggo sinau agama Islam.

Sawijining dina Raden Pandanarang digunakake ing lahan tetanen karo para sakabate, dumadakan bab aneh kedaden. Antarane wit gembur ijo ana sawetara wit lunak sing tuwuh saka saben liyane. Wong-wong sing weruh iku uga wonder, kok ing lemah fertile iku mundak akeh adoh-flung wit lunak?

Demi weruh iku Raden Pandanarang ngomong sing wilayah iki Aku jenenge Semarang. Asalé saka tembung Asem iku suku cadang. Mangkono asal saka kutha Semarang kang saiki sawijining kutha rame ing Jawa Tengah lan malah dadi ibukutha provinsi iki. Amarga saka layanan iki pisanan dibukak lan diadegaké ing kutha Semarang, Raden Pandanarang, banjur diangkat langsung minangka pimpinan uga minangka gelar Ki Ageng Pandanarang I.


2. Dumadine Rawa Pening

Desa Banarawa lagi nganakake pesta desa. Wong-wong ing desa iku padha masak kanggo nyiyapake pesta. Kabeh padha njupuk bagian, ora ana kang keri. Wong-wong padha nyiyapake ubarampe pesta kang minangka wujud rasa syukur marang Gusti kang Akarya Jagad. Ing tengah-tengahing padha nyambut karya mau, ana bocah kang ala rupane, pesing lan amis gandane.

Mangerti kahanan kang kaya mangkono, wong-wong padha ora seneng, amarga manut kapitayane masyarakat, bocah ala iki bakal nekakake sial, ora oleh berkah anggone pesta. Kagawa rasa ora seneng mau, mula bocah ala rupane ditundhung kanthi kasar. Bocah mau bisane mung nangis, karo mlaku sempoyongan amarga wis pirang-pirang dina ora mangan, bocah ala rupa mau lunga lan ngadoh saka wong-wong mau. Kanthi ati kang lara lan nabet jroning ati amarga tansah digawe kasar, dihina, bocah ala rupa mau mlaku menyang kampung tanpa arah lan tujuan. Anggone mlaku ora krasa tekan papan panggonan arupa gubugan kang sepi kahanane lan adoh saka masyarakat. Gubug mau mung dienggoni wong tuwa wedok kang wis dadi randha.

Ing gubug mau bocah kang elek rupane dirumat (dipelihara) dening Mbok Randha. Dheweke diwenehi pangan  kanthi lawuh apa anane. Sawise mangan, bocah ala mau crita marang simbah randha yen dheweke iku Baru Klinthing utawa Jaka Bandhung utawa Jaka Pening. Simbah mau tresna banget marang Baru Klinthing, malah urip bebarengan sawetara dina. Bareng wis rumangsa wis rumangsa cukup dibantu dening simbah, Baru Klinting nerusake mlaku lan marani wong-wong kampung kang wis nglarakake atine. Sadurunge lunga , Baru Klinthing weling marang simbah yen mengko ana prastawa gedhe simbah supaya numpak lesung. Ing batin, simbah bingung karo welinge Baru Klinthing mau, nanging simbah tetep urmat lan ngeling- eling piweling kasebut.

Lakune Baru Klinthing linambaran ati kang goreh lan nggawa sada lanang. Lakune wis tekan kampung kang dituju. Wong-wong padha ngusir marang Baru Klinthing. Nanging Baru Klinthing ora gelem lunga, malah nantang marang wong-wong kampung lan ngetokake sada lanang. Sada lanang kasebut banjur  ditancepake ing lemah. Wong-wong dikandani supaya njabut sada mau, yen bisa njabut sada mau arep diwenehi bebana dening Baru Klinthing. Krungu tembunge Baru klinthing kang kaya mengkana, Wong-wong pada nyoba njabut sada mau. Saka sing awake cilik   tekan wong sing awake gedhe ora ana kang bisa njabut. Pungkasaning, sada mau saged dinjabut kaliyan Baru Klinthing lan muncrat banyu.

Muncrate banyu sansaya gedhe. Wong-wong padha bingung lan padha golek papan panggonan kang luwih dhuwur. Omah, kewan, wit-witan, raja brana, lan wong-wong mau ora ana tilase, kabeh wong pada sirna amarga piwalese saka tumindhake dewe. Kampung kang mirip rawa mau, diarani Rawa Pening.

Rawa pening saiki panggonan plancongan ing Kabupaten Semarang, Jawa Tengah. Rawa iku ambane kurang luwih 2.670 hektar lan mapan ana ing Kecamatan Ambarawa, Bawen, Tungtang, lan Banyu Biru. Rawa iki mapan ana ing ereng-ereng gunung Merbabu, Temoloyo, lan Ungaran.

 3. Legenda Kota Kudus



Kala rumiyin, Kudus arupi dhusun alit ing wewengkon kraton Majapahit. Salah sawijining dinten, wonten pedagang saking Cina asmanipun Sun Ging. Piyambakipun ahli ukir. Kawasisanipun sampun kawentar dumugi kraton Majapahit. Kalajeng dipuntimbali dening Sang Nata Kraton Majapahit kapurih ngukir rerenggan kraton. Kasilipun ngedap-edapi. Wusananipun, Sun Ging dipunparingi panggenan kangge ngedekaken perguruan ukir ing dhusun papan panggenanipun. Ing sakmangke, papanipun kasebat Sunggingan, tegesipun papanipun kaluarga Sun Ging. Ananging , carios sanes nyebataken bilih Sunggingan menika ateges ngukir/ nglukis. Juru sungging  ateges ahli nglukis/ ngukir. Ingkang nggadhahi menika Ling Sing pedagang saking Cina.
Sunggingan saya ngrembaka ekonominipun ngantos dumugi Kraton Islam Demak Bintoro ingkang langkung caket tinimbang Kraton Majapahit. Raden Patah minangka natanipun ngutus Syekh Jafar Shodiq, ulama ageng saking Persia kanthi ancas ngislamake Sunggingan. Syekh Jafar Shodiq kairing para santri dumugi gapura kanthi ornament Hindu warisan Majapahit. Ing gapura menika, Jafar Sodiq ngajak para warga sakkupengipun kapurih ngrasuk agami Islam. Caranipun ngajak kanthi alus. Gandheng para warga ngrasuk agami Hindu, Japar Sodiq ngasta lembu gapura kasebat. Masyarakat kepincut ndhatengi awit lembu menika minangka Dewanipun. Boten dangu, saperangan warga sampun ngrasuk agami Islam, kalebet Sun Ging/ ling Sing (sakmenika jalan Kyai Telingsing). Ing wasana, Jafar Sodiq ngedekaken masjid sakcelakipun gapura ing dhusun menika. Bangunan mesjid dipunrengga kanthi rerenggan lempengan sela cemeng (batu hitam ) saking Baitul Maqdis ing Yerussalem, Palestina. Saking nami Baitulmaqdis menika nami dados name Kudus  ingkang tegesipun suci. Saya dangu mesjid kasebat kawentar kanthi nami mesjid Kudus (mesjid ingkang karengga lempengan watu Al Kuds/ watu suci).
Kanthi wontenipun mesjid Al Kuds lan ngedekaken pesantren , saya kathah masyarakat njaban kitha ingkang nggadhahi ancas ngaji lan maneka warni pedamelan saya ngrembaka (dagang, tetanen, ngukir, lsp). Dhusun Sunggingan ingkang dipunrintis dening Ling Sing dados kitha lan pusat pesantren kawentar kanthi sebatan Kudus. Syekh Jafar Sodiq misuwur kanthi sebatan Sunan Kudus. Gapura ingkang kaginakaken syiar Islam dening Jafar Sodiq pranyata dados salah satunggaling ciri khas kitha Kudus inggih menika Menara Kudus.
4. CANDI PRAMBANAN
  
 Ing jaman biyen ana kerajaan gedhe sing jenenge Prambanan. Rakyate Prambanan iku ayem lan tentrem sing dipimpin karo Prabu Baka.

            Nanging kerajaan Prambanan diserang karo kerajaan Pengging. Prabu Baka lan pasukane kalah amarga kurang persiapane. Prabu Baka lan pasukane mati amarga kena karo senjatane Bandung Bandowoso. Kerajaan Pengging lan pasukane seneng amarga isok naklukno kerajaan Prambanan.

Pada wektu Bandung Bandowoso ing kerajaan Prambanan, deweke ndelok putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Roro Jonggrang, putri Prabu Baka. Langsung Bandung Bandowoso nglamar Roro Jonggrang.

"Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?" Jare Bandung Bandowoso.
Roro Jonggrang nanggepi pertanyaane Bandung Bandowoso

"Aku gelem dadi permaisurimu, tapi ana syarate."

"Apa iku syarate?" Jare Bandung Bandowoso.

"Gawekno aku 1000 candi tapi wektune sakwengi!" Jare Roro Jonggrang.

            Ing bengi, Bandung Bandowoso ngumpulno anak buahe yaiku jin lan setan. Sawise ngerungokno perintahe Bandung Bandowoso, jin lan setan langsung nggarap sing diperintaake karo Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang ndelengi pekerjaane Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang wedi kalo Bandung Bandowoso iso nggarap permintaake dewe. Roro Jonggrang langsung ngumpulno dayang-dayange.

 Roro Jonggrang mau ngongkon dayange mbakar jerami, munikno lesung lan naburno bunga sing wangi. Jin lan setan mau wedi lan disangkakno wis esok. Jin lan setan langsung mbalek. Asline candine iku wis ana 999, tapi kurang 1.

            Bandung Bandowoso mangkel nang Roro Jonggrang amarga wis mbujuk deweke. Langsung bandung Bandowoso ngesabda Roro Jonggrang dadi patung lan ngganepi 1000 candi.


5. LEGENDA KOTA SURABAYA


Jaman mbiyen, ing lautan sering kedadean tukaran antarane iwak hiu Sura lan Buaya. Kabeh kuwi tukaran ngrebutne mangsa. Kelorone pada-pada kuat, pada-pada tangkas, pada-pada cerdik, pada-pada ganas, lan pada-pada rakus. Uwis ping bola-bali kuwi kabeh tukaran hurung pernah ana kang menang utawa sing kalah. Akhire kuwi kabeh ngadakne kesepakatan.
“Aku bosen terus-terusan tukaran, Buaya,” Jare iwak Sura.
“Aku ya, Sura. Apa kang kudu dhewe lakoni ben dhewe ora tukaran?” takon Buaya.
Iwak Hiu Sura kang uwis nduweni rencana kanggo menghentikan tukarane kanggo buaya cepet nerangke.
“Kanggo nyegah tukarane ing antarane dhew, sebaike dhewe mbagi wilayah kekuasaan dadi loro. Aku berkuasa sepenuhe ing njero banyu lan kudu golek mangsa ing njero banyu, sedangkan kowe berkuasa ing pinggiran lan mangsa kudu golek ing pinggiran. Kanggo batas antarane pinggiran lan banyu, dhewe tentukne batase, yaiku tempat kang dicapai oleh banyu laut ing waktu pasang surut!”.
“Apik aku setuju karo gagasanmu kuwi!” Jare buaya.
Karo enek’e pembagian wilayah kekuasaan, skiki ora ana tukaran maneh antarane Sura lan Buaya. Kelorone uwis sepakat kanggo ngehormati wilayahe dhewe-dhewe.
Nanging ing wayah dina, Iwak hiu Sura golek mangsa ing sungai. Hal kuwi dilakokne karo meneng-meneng men Buaya ora ngerti. Mula-mula hal iki ora ketahuan. Nanging ing wayah dina Buaya ngerteni kelakuan iwak Hiu Sura iku. Ngerti wae Buaya nesu weruh iwak Hiu Sura nglanggar janjine.
“He Sura, ngapa kowe nglanggar peraturan kang uwis dhewe sepakati? Ngapa kowe wani mlbu sungai kang wilayah kekuasaanku?” pitakone Buaya.
Iwak Hiu Sura kang ora ngrasa salah tenang-tenang wae.
“Aku nglanggar kesepakatan? Apa ora sungai iki ana banyune. Aku kan wis ngomong nek aku penguasa banyu? Nah sungai iki’kan ana banyune, dadi iki termasuk daerah kekuasaanku,” Jare Iwak Hiu Sura.
“Apa? Kali kuwi kan nggon ing pinggiran, apa maneh daerah kekuasaanmu kuwi ing segara dadi kali kuwi daerah kekuasaanku!”Buaya ngotot.
“Ora bisa. Aku ora ngomong nek banyu ora mung laut, nanging ya kali,” Jawab ikan Hiu Sura.
“Kowe sengaja golek gara-gara Sura?”
“Ora! Tak pikir alasanku cukup kuat lan ing pihak kang bener!” Jare Sura
“Kowe sengaja ngakali aku. Aku ora bodo kaya sing mvuk pikir!” Ngomonge Buaya karo nesu.
“Aku ga gagas kowe bodo apa pinter, sing penting banyu kali lan banyu segara iku kekuasaanku!” Sura tetep ga gelem kalah
“nek ngna kowe pancen ndwe maksud ngapusi aku? Yawis perjanjiane dhewe batal! Sapa wae sing nduwe kekuatan kang paling elok, ya kae sing dadi penguasa tunggal!” Omonge Buaya.
“Tukaran maneh, sapa sing wedi!” Nantang Sura karo kendele.
Pertarungan antarane iwak Hiu Sura lan Buaya kedadean maneh. Tukaran iki tambah seru lan dahsyat. Pada-pada nyakiti, pada-pada nyokot lan njotosi. Ing wayah kuwi, banyu ing sanding dadi abng amarga getih kang metu saka luka-luka keloro kewan kuwi. De’e kabeh terus tukaran paten-patenan ora leren blas.
Ing pertarungan dahsyat kuwi, Buaya oleh cokotan saka iwak Hiu Sura ing buntut. Sakwise buntut kuwi kecokot kepekso buntute mbengkok. Nanging iwak Sura iya kecokot buntute ngasi ameh pedhot terus iwak Sura bali nyang segara. Buaya puas uwis bisa mbalekne daerahe.
Pertarungan antarane iwak Hiu kang nduwe jeneng Sura karo Buaya iki berkesan banget ning ati masyarakat Surabaya. Merga kuwi peristiwa iki terus-terus digatok-gatokne karo jeneng Surabaya. Saka peristiwa iki dikanggokne lambing Kota Madya Surabaya yaiku gambar iwak Sura lan Buaya.
Sakwise, saka dina peristiwa kemenangan Raden Wijaya dadi dina jadi Kota Surabaya.
Ing jaman sakiki, pertarungan ngrebutne wilayah banyu lan pinggiran terus kedaen. Ing musim udan teka kadang banjir nguasai kota Surabaya. Ing musim ketiga kadang tempat-tempat genangna banyu dadi daratan kering. Ya kuwi Surabaya.
 
6. Legenda Tangkuban Perahu
Dicaritakake nak Raja Sungging Perbangkara lunga berburu. Ning tengah hutan sang Raja buang pipis sing ditadahi ono ing godhong caring. Ono babi hutan jenenge Wayung sing isih topo pengen dadi manungsa ngombe banyu pipis iku, Wayung sing meteng lan nglahirke bayi ayu. Bayi iku digawa neng keratin karo bapake lan diparingi jeneng Dayang Sumbi alias Rarasati.
Akeh Raja sing pengen minang, naming rak ono sing ditampa. Akhire kathah raja ingkan saling perang. Dayang Sumbi banjur ngasingke awake dhewe ono ing bukit dikancani asu lanang, jenenge Tumang. Nembe asik nenun, torak sing dienggo nenun kain tiba ing ngisor. Dayang Sumbi merga ngrasa males, ngucap tanpa dipikir dawa, deweke ngucap barang sapa iso mbalikke torak sing tibo mau, nak wong lanang bakal dijadike bojone. Tumang mbalikke torak lan diparingke marang Dayang Sumbi. Dayang Sumbi akhire nglahirke putra sing diparingi jeneng Sangkuriang.
Pas Sangkuriang berburu ono ing hutan, Tumang dikongkon ngoyak babi wadon Wayung. Marga Tumang ora manut banjur dipateni dening Sangkuriang. Atine Tumang diparingke marang Dayang Sumbi, banjur dimasak lan dipangan. Sakwise Dayang Sumbi ngerti nak sing dipangan iku atine si Tomang, Dayang Sumbi dadi murka lan ngepruk sirahe Sangkuriang karo sendok sing digawe seko tempurung kelapa nganti gawe bekas lecet.
Sangkuriang banjur lunga ngembara muteri dunia. Saksuwine mlampah menyang wetan akhire tekan daerah kulon meneh lan ora sadar wes balik ono ing panggonane Dayang Sumbi, panggone ibune. Sangkuriang orak ngenali nak putri ayu sing ditemoni iku Dayang Sumbi – ibune dewe. Merga padha rak ngertine banjur kedadean padha saling tresna. Ora sengaja Dayang Sumbi ngerti nak Sangkuriang iku putrane dewe, merga anane tandha lecet ing sirahe Sangkuriang. Nanging Sangkuriang rak gelem terimo lan ngeyel njaluk rabi karo Dayang Sumbi. Banjur Dayang Sumbi nyuwun marang Sangkuriang supadhos digawekke perahu lan tlogo kanggo mbendung kali Citarum , diparingi wektu sewengi. Sangkuriang nyanggupi.
Banjur digawe perahu seko wit sing tukul ono ing wetan, tunggul/pokok wit iku malih dadi gunung Ukit Tanggul. Rantinge dikumpulke ono ing kulon lan dadi Gunung Burangrang. Dibantu karo guriang , bendungan iku wes meh dadi. Tapi Dayang Sumbi nyuwun marang Sang Hyang Tunggal supadhos maksude Sangkuriang iku rak kedadean. Dayang Sumbi banjur nyebarke irisan boeh raring (kain putih tenunane), pas iku srengenge metu saka wetan. Sangkuriang jadi wedhi, ing angkara murka bendungan sing ono ng Sanghyang Tikoro dijebol, sumpelan aliran kali Citarum dibalangke marang wetan lan dados awujud Funung Manglayang. Banyu Talogo Bandung akhire asat meneh. Prahu sing digawe karo susah payah iku dipancal menyang lor lan malih wujud dados Gunung Tangkuban Prahu.
Sangkuriang trus ngoyak DAYANG Sumbi sing mendadak ngilang ono ing Gunung Putri lan malih wujud jadi kembang jaksi. Sangkuriang dhewe sakbare tekan ono ing panggonan sing diarani Ujung berung akhire banjur ngilang marang alam ghaib (ngahiyang)
 

0 comments:

Post a Comment