Selamat Datang di My Blog << Waroeng Alam is a Waroeng-e Alam >>

Wednesday, October 11, 2017

Punakawan

PUNAKAWAN
    1. Semar

Tembung Semar asale saka tembung samara kang tegese ghaib. Kyai Lurah Semar Badranaya yaiku tokoh pewayangan utama ana ing wayang jawa lan sunda. Semar utawi Kyai Semar Badranaya inggih punika salah satunggaling punakawan Pandhawa ingkang asring paring pituduh lan kathah kawicaksanan. Semar punika tansih sadhèrèk kaliyan Batara Manikmaya lan Antogo.Semar tansah ngabdi dhateng para ksatria ingkang nggadhahi pakarti ingkang luhur. Kosok wangsulipun, Antogo tansah ngabdi dhateng ksatria ingkang pakartinipun awon.
Putranipun Semar inggih menika:
1.    Bawor
2.    Garéng
3.    Petruk

     2. Gareng

Garèng iku salah sijining paraga wayang panakawan. Dhèwèké anak mbarepé Semar. Asal-asulé Garèng manéka warna, salah sijine yaiku ing lakon Bathara Ismaya Krama. Ing lakon wayang iku Garèng mauné nduwé jeneng Bambang Sukshati, putra Resi Sukskadi.
Wandané Garèng iku sarwa cacat: irung bunder, mata kéra, weteng mblendhug, pincang, lan tangané céko (béngkok). Bojoné Garèng yaiku Sariwati, putri Prabu Sarawasésa.
Ing sajerone awake gareng kang akèh cacadé iku duwèni teges.
·       sikil kang pincang nduweni teges yen nglakoni apa wae tansah ati-ati lan waspada.
·       mata kera nduweni teges yen ndeleng ora ndeleng barang kang ala, tuladhane maksiat lan sapanunggalane.
·       tangane ceko tegesé ora seneng celuthak (bahasa Indonesia jahil).

   3. Pétruk


Petruk iku salah sijine Panakawan anake Semar, adhine Gareng, kangmase Bagong. Dheweké duwé bojo Dewi Ambarawati, putri saka Prabu Ambarasraya raja negara Pandansurat.
Paraga Pétruk iki ora disebutaké ing Kitab Mahabarata, dadi anané mung ing gubahan gagrag pewayangan Jawa. Ciri-ciri paraga Pétruk ya iku dedegé sing dhuwur lan irungé dawa. Pétruk sadina-dina tansah nggawa gaman arupa pethèl. Paraga iki kondhang ing lakon Petruk dadi Ratu.
    4. Bagong


Bagong iku dicipta saka wewayangané Semar. Mula saka kuwi, prejengané ora beda adoh. kaya déné wewayangan, Bagong awaké ireng. Tinimbang anaké Semar liyané, Bagong paling kurang ajar. Basa Jawané ora karuwan. Dhèwèké seneng ngritik apa waé.
Bagong iku asliné jenengé cukuran rambut. Bocah yèn dicukur plonthos kabèh, jenengé gundhul. Yèn sing diturahké mung ngarep thok jenengé kuncung. Yèn sing diturahké ing mburi dijenengi kuncir utawa kucir. Yèn rambut sing sisa ana sisih tengen utawa kiwa jenengé pethek. Nah bagong iku kanggo wong sing rambuté mung ana ing mburi sisih ngisor (cedhak gulu). Cukuran bagong uga disebut gombak.
Yèn dideleng saka pawakané, Bagong pancèn memper Semar. Nalika Sang Hyang Ismaya didhawuhi mudhun ing donya déning Sang Hyang Tunggal, Sang Hyang Ismaya jaluk diwenehi kanca. Kaya déné lumrahé panakawan kang tegesé kanca kang nyeksèni, paling ora punakawan ana loro. Sanghyang Tunggal banjur gawé bagong saka wewayangané Semar.
Bagong nduwé bojo jenengé Dèwi Bagnawati lan urip ing padhepokan Klampis Ireng.Ing panggonan liya, Bagong sok diganti jeneng. Ana kang diowahi urutan keluwargané. Ing Jawa Tengah, bagong iku anak ragilé Semar. Déné ing panggonan liya, paraga kaya Bagong iki dadi pambarepé. Ing panggonan liya iku, Bagong sok diganti dadi Bawor, Carub, utawa Astrajingga.

0 comments:

Post a Comment