Selamat Datang di My Blog << Waroeng Alam is a Waroeng-e Alam >>

Thursday, March 9, 2017

Kidang Kencana

Berikut adalah beberapa cerita dari kidang kencana yang sengaja ane susun dari berbagai sumber, bagi para readers maupun para siswa dan siswi sekolah silahkan pilih sesuai isi hati kalian :

KIDANG KENCANA ( KIDANG MAS)

First Version ( Bahasa Jawa)

Kocap kacarita, sajroning lelana sawise nglakoni paukuman buwang limalas taun Rama, Sinta, lan Lesmana tekan ing tengah alas. Nalika tetelune isih ngaso, Sinta kaget amarga mirsani sesawangan sing edi peni. Ana kewan kidang kang merak ati, rupane ayu, polahe trengginas, lan kulite awarna mas. Kidang mlayu mrana-mrene mlumpat-mlumpat nggodha ati. Sinta kepencut, pingin kagungan kidang kang endah iku. Mula kanthi temen, Sinta nyuwun marang Rama supaya nyekel kidang kencana iku kanggo dheweke. Rama tresna banget marang garwane, mula kanthi bombonging ati dheweke ngleksanakake panyuwune Sinta.
Sadurunge Rama mbedhag kidang kencana, dheweke pesen marang adhine yaiku Lesmana.
“Lesmana, tulung jaganen mbakyumu, sajrone aku mbedhag kidang kencana, keslametane mbakyumu dak pasrahake marang sliramu, aja pisan-pisan kowe ninggalake Sinta dhewekan.”
“Sendika dhawuh kangmas Rama, pesenipun kangmas badhe kula estokaken, atos-atos kangmas,” mangkono ature Lesmana.
Rama enggal-enggal nggoleki lacake kidang kencana, terus ditutake nganti tekan tengah alas gung liwang-liwung. Sorote srengenge wis ora bisa nembus alas maneh. Peteng dhedhet suasanane, lacake kidang kencana ora katon. Nalika atine Rama tratapan, saklebatan katon ayang-ayange kidang kencana. Sanalika Rama nglepasake jemparing, kidang kencana kena panahe Rama. Kidang kencana ambruk ing lemah, jemparing nembus awake. Nanging ana kedadean kang aneh, kidang kencana muksa disusul metune buta Kalamarica nyuwara seru. Pambengoke Kalamarica kaprungu nganti tekan saindhenging alas. Kaprungu mirip banget kaya swarane Rama kang lagi kena musibah.
Dewi Sinta midhanget swara pambengoke sing mirip Rama. Sinta kwatir marang keslametane Rama. Nanging beda karo Lesmana kang ngerti banget marang kasektene Rama, mula dheweke percaya yen swara mau dudu swarane Rama. Mula nalika Sinta ngersakake Lesmana nusul Rama kanggo mesthikake keslametane, Lesmana wegah lan tetep arep njaga Dewi Sinta. Sinta mangkel lan kawetu omongan kang ora ngenakake kupinge Lesmana.
“Saiki aku ngerti watak wantu aslimu adhi Lesmana. Jebule meneng-meneng sliramu pingin nduweni aku, sliramu ngejorake kakangmu cilaka, lan sliramu bisa bebas …”
“Cekap kakang mbok Sinta! Kula ngurmati kangmas Rama. Malah roh lan raga kula lila dak kurbanaken kangge mbela asmane kangmas Rama. Dados lepat sanget manawi kangmbok Sinta kagungan panganggep kados makaten dhateng kula.”
“Menawi makaten mbak, amargi panjenengan ngotot, meksa, kula badhe damel wates kangge kangmbok Sinta, kula suwun kangmbok boten medal saking wates menika kangge kawilujengan amargi kangmbok kula tilar piyambakkan.”
Lesmana damel wates kang wujude bunder ing sakupenge Dewi Sinta ngadeg. Ora ana sing bisa nganggu Dewi Sinta sajrone tetep ing njero bunderan iku. Sawise rumangsa aman, Lesmana budal ninggalake Dewi Sinta kanggo nggoleki Rama.
Sawetara iku, Rama uga kaget midhanget pambengoke Kalamarica, buta kang tugase dadi mata-mata raja Alengka yaiku Rahwana. Mula panjenengane kemutan marang keslametane Dewi Sinta lan cepet-cepet ninggalake papan kono kanggo mirsani kahanan garwane. Ing tengah lakune kepethuk karo Lesmana, atine Rama tambah tratapan amarga Sinta ora bareng karo Lesmana. Sadurunge Rama nyuwun pirsa babagan Sinta, Lesmana njlentrehake kabeh prastawa kanthi cetha wela-wela nganti ninggalake Sinta dhewekan.
“Aduh! Cilaka rayi Lesmana … iki ana upaya manungsa kang nyoba ngapusi awake dhewe. Ayo saiki enggal nemoni mbakyumu Sinta!”
Sinta gumun ing tengah alas sing sepi nyenyet ana simbah kakung njaluk-njaluk. Dheweke nreyuhake ati njaluk banyu ngombe kanggo nambani ngelake. Sinta ora ngerti manawa simbah kakung iku minangka pasemone Rahwana raja Alengka kang ngumbar angkara murka. Rahwana ngerti marang kelemahane wanita sing ora teganan manawa weruh kahanan kang nreyuhake. Nalika Dewi Sinta ngecungake cangkir, astane metu saka wates bunder langsung disamber lan dikekep ing dadane Rahwana banjur digawa mabur. Sinta kasil ditipu dening Rahwana. Rahwana ngguyu lakak-lakak rumangsa menang, swarane kaprungu ing saindhenging angkasa, kasil nipu Rama, Dewi Sinta, lan Lesmana. Jatayu manuk garudha nyoba nulungi Sinta saka regemane Rahwana, nanging malah ambrug ing lemah amarga kena sabetan pedange Dasamuka.



Second Version (Bahasa Jawa, Durasi Panjang)


Kacariyos lakon asmara Rama lan Shinta. Bocah loro sarwa edipeni. Wis katon pantes banget nalika sawayah-wayah mrono-mrene tan nora ninggal satunggaling. Kaya mimi lan mintuna, kaya lintang lan wengi, kaya dhalang lan wayang, ingkang ora bisa kapisah. Dene tresnane Rama marang Shinta sansaya tambah amarga Shinta kuwi bocah wadon sing ayune ora kinaruan. Alise katon nanggal sepisan. Netrane tansah ndamar kanginan. Idepe tumenga ing tawang. Irunge kencana pinantar. Pipine nduren sajuring,mula yen mesem pipine dekik manis banget. Untune miji timun. Pundhake nraju mas. Rambute ngembang bakung. Slirane sedhet singset. Lambeane mblarak sempal. Bangkekane nawon kemit. Bokonge manjang ngilang. Dhadhane nyengkir gading. Dene eseme madu wae kalah. Sansaya suwe disawang sansaya pantes, sansaya ayu ora nggawe bosen.
Rama ya semono uga,ganthenge wong sadesa dadi siji. Brengose nglaler menclok. Godhege simbar rumembun. Gulune ngolan-olan, mula salakune dadi pantes. Pakulitane ngulit langsep. Pawakane gagah pideksa. Polatane ruruh jatmika. Solahe merak ati, mula akeh bocah wadon sing kepincut. Swarane ngombak banyu lan ulate sumeh. Yen lumaku wong leloro dadi katon endah banget. Sing lananggagah tur bagus. Sing wadon ayu nanging ora kemayu. Gawe seneng wong sing nyawang.
Ing sawijining dina Rama, Shinta, lan Lesmana ana ing wana. Lagi bubar nglampahi paukuman suwene limolas taun. Lesmana menika rayininipun Rama. Dene wana kuwi anggege tirta sah saking wasana. Nalika wong telu kuwi ngaso ana wana, banjur dumadakan ana kidang elok banget. Sungune dawa tur rupa wulune kuwi rada emas. Kidang kuwi playon ana sangarepe wong telu kuwi. Shinta kepincut atine, karepe pengin nduweni kidang kuwi. Banjur nyuwun marang garwane supaya ngentukake kidang kuwi kanggo dheweke. Amarga tresnane Rama sing banget gedhene, dheweke ora bisa nolak panjalukke Shinta. Ananging sadurunge Rama lunga arep nyekel kidang kuwi, dheweke aweh pesen marang Lesmana. “ Rayi aku titip mbakyumu Shinta, aja nganti kok tinggal dhewe ana wana kene. “ Banjur lesmana semaur “inggih kangmas dak eling-eling wekasanmu. Ora bakal aku ninggal mbakyu shinta ana wana kene dhewe.”
Banjur Rama mangkat golek kidang kencana kuwi kanggo Shinta. Kidang kuwi mlayu nganti tekan jeroning alas. Sansaya jero sansaya peteng, amarga cahyaning surya ora bisa nembus tengah wana kuwi. Peteng remeng-remeng sing katon mung ayang-ayang kidang kencana kuwi. Amarga pegel atine, sanalika Rama langsung ngunus lan ngeculake panahe. Banjur pas kena awakke kidang kencana kuwi. Kidang kencana ambruk ana lemah, ananing dumadakan ilang barengan karo swara raseksa Kala Marica. Yakuwi buta saka Alengka. Kongkonane Rahwana. Swara kuwi hangemba-emba kaya swarane Rama jaluk tulung menyang Lesmana yen Rama ketekan cilaka.
Shinta lan lesmana sing hanganti-anti tekaning Rama uga krungu swara kuwi. Rama krasa ora kepenak atine, kelingan marang Shinta. Sanalika Rama langsung bali arep mesthekake kahanane Shinta. Shinta sing krungu swara mau langsung trataban atine kuater marang kahanane Rama. Lesmana sing wis ngerti babagan kekuatane kangmase ora nduwe rasa kuater. Amarga dheweke ngerti yen kangmase sekti mandraguna. Shinta nyuwun karo Lesmana supaya nyusul lan mesthekake priye kahanane kangmase. Lesmana ora gelem, amarga wis janji menyang kangmase yenora bakal ninggal Shinta dhewe ana wana kana. Lesmana wis ngemutake dening Shinta yen swara kuwi dudu swarane Rama. Ananging  saking gedhe rasa tresnane Shinta lan dheweke kuater ana apa-apa menyang Rama. Ora dinyana-nyana, Shinta kebacut ngendika ora kepenak marang Lesmana.  Ngene ngendikane Shinta “ saiki aku ngerti, pie sejatine awakmu. Kowe ora gelem nyusul kangmasmu amarga meneng-meneng kowe kepengin nduweni aku. Yen kangmasmu kena apa-apa...” durung tutuk anggone ngendika wis diselani Lesmana. “aku wani sumpah yen aku ora nduweni pikiran kaya ngono kui mbakyu. Mung sethithik wae aku ora nduwe. Aja kok arani awakku sakepenakmu”.
 Amarga loro ati karo omongane Shinta, Lesmana nyanggupi panjalukke Shinta. Ananging ana wana kana, Shinta digawekake garis bunderan lan ora oleh metu saka garis kuwi. Lesmana gawe kaya ngono kuwi supaya ora ana sing isa nyalahi Shinta menawa dheweke ninggal Shinta ana wana kana dhewekan. Kanggo netepi janjine marang kangmase. Lan ora ana sing isa mlebu kana, sapa wae kuwi. Shinta ora oleh metu saka kana nganti Lesmana lan Rama bali menyang panggon kuwi maneh.
Bubar anggone gawe garis bunderan  Lesmana langsung lunga nyusul kangmase. Rama atine wis ora karu-karuan. Mikir kahanane Shinta saiki kepriye. San saya ora karuan nalika dheweke kepethuk karo adhine ana tengah wana. Banjur arep takon menyang adhine, ananging sadurunge takon adhine wis cerita dhisik alasane ninggal Shinta dhewe ana wana kana. Bubare Lesmana crita anggone ninggal Shinta, Rama ngerti yen kedadeyan kuwi reka-rekane Rahwana. Raseksa bengis sing tresna lan kepengin nduweni Shinta. Kesusu anggone mlaku nganti kesandhung-sandhung samubarang apa sing ana lemah, Rama kuater yen Shinta dicolong Rahwana.
Ana wana kuwi Shinta gumun, amarga ing wana kaya ngono lha kok ana simbah-simbah golek kayu. Banjur simbah kuwi nyuwun toya amarga ngelak anggone golek kayu lali ora sangu banyu. Ananging kuwi namung akal-akalane Rahwana wae. Ngerti yen Shinta iku ora tegel yen weruh kaya ngono kuwi. Pancen watake Shinta sing sayang karo sapa wae. Nalika Shinta arep menehi toya tangane ngluwihi garis bunderan sing digawekake menyang Lesmana mau. Banjur tangane digeret simbah kuwi lan dumadakan wujude malih asline, yaiku Rahwana. Raseksa elek tur bengis. Shinta tiba ana rangkulane Rahwana lan ora isa obah. Langsung arep digawa mabur lunga menyang kahyangan. Lagi wae anggone mabur, dumadakan ana peksi garuda sing arep nulungi Shinta. Peksi kuwi nduweni jeneng yaiku Jatayu. Ananging nalika gelut karo Rahwana, Jatayu kena sabetan pedhange Rahwana. Getihe gobrah-gobrah, banjur tiba ana bumi. Awake kebak getihe ananging dheweke isih urip. Langsung Shinta digawa lunga menyang Alengka menyang Rahwana.
Rama lan Lesmana tekan panggonne Shinta mau, ananging Shinta wis dicolong dening Rahwana. Ketilapan anggone njaga Shinta wis digawa lunga. Bingung anggone nggudak kepriye, banjur neruske laku. Ora adoh saka panggon kuwi mau, Rama lan Lesmana kepethuk Jatayu sing lagi sekarat mau. Sadurunge nemoni pati, Jatayu isih sempet cerita yen Shinta dicolong Rahwana lan digawa menyang kraton Alengka. Talingan sir sinebit, rasa angkara murkane Rama metu amarga Shinta dicolong raseksa elek tur bengis. Sawise crito marang kahanane Shinta mau, Jatayu banjur nemoni pati. Nesu rasa ora trima amarga Rahwana wis dadi jalaran patine engonane mau lan nggawa lunga Shinta, Rama janji jroning atine bakal mbales patine Jatayu lan nggawa bali Shinta. Amarga matine Jatayu netepi darmane, banjur Rama lan lesmana nyuwun marang dewa-dewa kang agung. Supaya gugure Jatayu bisa sempurna moksa, banjur ragane Jatayu ilang munggah ana swarga barengan karo sukmane Jatayu.
Ana ndalan menyang Alengka, Rama lan Lesmana kepethuk karo Anoman kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi karo Rama. Nalika ana tengahing alas, padha mireng swara wong nangis pating jlerit. Banjur padha golek saka ngendi asale swara kuwi. Sawise ketemu asale swara kuwi, jebul saka kethek sing kecepit ana silangan wit gedhe. Rama banjur nulungi kethek sing kecepit kuwi. Kethek kuwi ngomong yen dheweke kuwi raja ing Guwakiskendha, anduweni jeneng minangka Sugriwa. Dhewekke padhu karo kakange sing jenenge Subali. Amarga padhu kuwi banjur dhewekke dicepitke ana silangan wit. Banjur kanggo ngrebut Guwakiskendha Sugriwa karo Subali adu tanding kasekten, Sugriwa diewangi dening Rama. Rama ngeculake wastra pusaka Gumawijaya. Sanajan resi Subali nduweni Ajian Pancasona, nanging tetep kalah mungsuh Rama. Banjur Sugriwa bisa dadi raja meneh ana Guwakiskendha.
Kanggo mbales budine Rama sing wis aweh pitulungan marang Sugriwa, banjur Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo nulung Rama ngrebut Shinta saka Prabu Dasamuka ora liya Rahwana kuwi. Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki menyang ngendi Shinta didelikake lan uga menehake ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne kraton Alengka. Nalika arep bali Anoman dicekel wadyabala Alengka. Karepe Anoman arep diobong, nanging Anoman banjur mabur nggawa geni kanggo ngobong kraton Alengka, kajaba taman Argasoka, panggone Shinta didhelikake Rahwana.


Banjur wasanane kedadean perang gedhe kraton Pancawati lan kraton Alengka. Wadyabalane alengka wujud buta-buta lan wadyabalane pancawati wujud kethek-kethek balane Sugriwa. Wadyabala bala lan senapati Alengka akeh sing ketiwasan. Pancawati menang, banjur sawise perang Rama lan Shinta bali menyang Ayodya. Ananging susah atine Shinta amarga ora bisa katampa dening Rama. Amarga Shinta wis dianggep ora suci maneh dening Rama. Priye carane supaya bisa ditampa maneh dening rama, banjur Shinta sesuci lan reresik awake saka geni mau. Sawise sesucen lagi bisa ditampa dening Rama. Wong sakloron kuwi urip mulya nganti tumekaning pati.    


Third Version (Bahasa Jawa + Indonesia)



Sawijining kewan alasan memper wedhus, nanging ulese mrusuh kuning ngemu giring arane kidang kencana. Aja dumeh kidang, nanging beda lan kidang liyane, dheweke duwe prabawa kang gedhe, nganti gawe kepencute sapa kang wuninga. Mungguh sapa sejatine kang memba-memba dad...i kidang iki, ora liya abdi kinasih, hiya pothete negara Ngalengka, kang ora ana liya kajaba Ditya Kala Marica saperlu nggora godha Dèwi Sinta. Sang Dewi kapilu marang kaéndahané kidang Kencana nganti lali purwa duksina manawa teteluné lagi ana madyaning alas kang gawat kaliwat. Kidang musna lan Sang Dèwi aminta ingkang raka Prabu Rama supaya arsa ambujung nganti kacandhak arsa kanggo klangenan.........".
Kutipan di atas adalah penggalan dari epos Ramayana. Cerita ini memiliki latar waktu di zaman dahulu serta berlatar tempat di negri Mantili, Kerajaan Alengka, Hutan Dandaka, Gua Kiskendo dan Taman Argasoka. Cerita ini memiliki alur maju. Bagian dari sinopsis cerita adalah ketika Rama Wijaya, Shinta, dan Leksmana sedang bertualang ke hutan Dandaka. Rahwana sebagai Raja Alengka melihat Dewi Shinta dan ingin memperistrinya. Maka Rahwana menyuruh seorang raksaksa bernama Ditya Kala Marica untuk mengubah dirinya menjadi Kijang Kencana yang berarti Kijang Mas (Kidang Mas). Shinta yang terpesona melihat Kidang Mas tersebut menyuruh Rama menangkapnya. Lalu Rama pergi mengejar kijang itu. Setelah menunggu lama, Shinta merasa khawatir dan menyuruh Leksmana untuk menyusul Rama. Sebelum meninggalkan Shinta, Leksmana membuat lingkaran magis sebagai berlindungan bagi Shinta. Dengan lingkaran itu, Shinta tidak boleh mengeluarkan sedikitpun anggota badannya agar tetap terjamin keselamatannya.
Kidang Mas atau Kidang Kencana, dalam kaweruh padhuwungan atau pengetahuan tentang keris, Kidang Mas diwujudkan dalam sebuah bentuk keris berluk 9 dengan ricikan gandik polos, memiliki pijetan, tikel alis serta greneng. Tanpa memiliki ada-ada ataupun kembang kacang dan jenggot. Dengan gandik lugas, seakan keris ini menjadi sederhana. Tetapi dibalik kesederhanaan itu, Kidang Mas sering menampilkan daya tarik tersendiri. Semakin dalam kita mengamati keris dapur Kidang Mas, maka semakin terlihat keindahan dibalik kesederhanaan itu. Demikian pula jika kita cermati, mencari keris berluk tanpa kembang kacang tetapi tetap terkesan indah dan luwes sesungguhnya juga tidaklah mudah seperti yang kita sangkakan. Tanpa Kembang Kacang, luk keris dari tarikan awal haruslah benar2 pas sesuai petungnya. Secuil paparan di atas hanyalah sekilas tentang keindahan keris dapur Kidang Mas dari aspek fisik semata. Lebih jauh dari itu, jika kita berusaha mengupas lebih dalam, sesungguhnya Kidang Mas memiliki makna filosofi hidup. Epos pewayangan "Ramayana", mungkin bisa menjadi salah satu titik tolak untuk mengupas dapur Kidang Mas. Cerita Ramayana memiliki banyak pituduh, kaweruh dan berbagai pelajaran hidup. Dari mulai kesetiaan, kepahlawanan, pengorbanan, cinta kasih, bahkan bisa digali sebagai perjalanan spirituil seorang perempuan. Disini memang tidak akan diulas hal2 yang lebih mendetail, tetapi hal yang lebih fokus pada pemaknaan atas dapur keris Kidang Mas.

Fourth Version ( Bahasa Jawa, Durasi Pendek)

Prabu Dasarata duweni anak 4 yaiku Rama, Lesmana, Barata, lan Satrugna. Satrugna lan Lesmana kuwi kembar putra saka Dewi Sumitra. Dene Rama putra saka Dewi Kosalya. Dewi Kekeyi kagungan putra asma Barata.
Prabu Dasarata amarga wis sepuh, kepingin masrahake tahta kanggo putrane mbarep yaiku Rama. Ananging, Dewi Kekeyi ora trima. Dewi Kekeyi nagih janji marang Prabu Dasarata yen sing dadi Raja bakale yaiku putrane Barata. Kanthi aboting manah, Prabu Dasarata sarujuk. Dene Rama kudu urip udakara 14 tahun urip ana ing tengah alas.
Prabu Rama ninggalake Ayodya dikancani dening garwane Dewi Sinta lan rayine Lesmana. Rombongan ninggalake Ayodya tumuju alas Dandaka. Ana ing alas mau, akeh banget coba lan godha. Rombongan mau ketemu karo Raseksa wedok kang aran Sarpakenaka. Sarpakenaka kepincut marang pasuryaning Rama. Dheweke nyedhaki Rama. Ananging, Prabu Rama ora sudi.
Banjur, Sarpakenaka uga kepincut marang Lesmana. Semana uga Lesmana ora sudi narima Sarpakenaka. Gelut ora bisa kapenggak. Pungkasane, Sarpakena tatu marang pedange Lesmana. Irunge tatu. Banjur dheweke menyang bali mulih ing Alengka. Sarpakenaka wadul marang kakange yaiku Dasamuka.
Dasamuka diwaduli adhine kang tatu mau murka. Banjur ngrancang siasat males rombongane Rama. Dikancane karo abdine kang jeneng Kala Marica, Dasamuka menyang ing alas Dandaka. Ing Kana, Kala MArica memba-memba dadi Kidang. Kidang kang bagus tenan duweni ules kencana. Kala Marica banjur mlaya-mlayu ing sacedhake kemahe rombongan Rama. Dewi Sinta kang ngerti ulese Kidang kang kaya emas mau, banjur ngrayu garwane supaya gelem nyekelake. Amarga banget tresnane marang garwane, Rama kersa nyekelake kidang kencana mau.
Lesmana diutus njaga Dewi Sinta aja nganti ditinggal dhewean. Rama nggudak kidang mau. Saya suwe saya adoh saka kemahe. Kidang mau mlayune kesit. Banjur, Rama nguculake jemparinge. Panah mau ngenani kidang. Kidang mbengok kelaran. Bengokane Kidang krungu dumugi kemah. Bengokan mau mirip swarane Rama. Sinta kang krungu cilik atine. Banjur ngutus Lesmana marani Rama. Dewi Sinta kwatir menawa Rama kena mala. Ananging, Lesmana ora gelem. Dheweke wis kadung janji marang Rama supaya ora lunga saka kemah ninggal Dewi Sinta.
Dewi Sinta ngrayu terus. Pungkasane, Lesmana gelem marani Rama. Ananging, sadurunge lunga, dheweke nggawe bunderan. Dewi Sinta ora oleh nglewati bunderan mau suwene Lesmana utawa Rama bali mulih.


Penyusun : Alamudin Zaenuri
Al Khawarizmi dari Negeri Ibu Pertiwi

0 comments:

Post a Comment